WONG JAWA ORA LALI MARANG JAWANE

Kamis, 31 Mei 2012

Rabu, 28 Maret 2012

TULODHO MASRAHAKEN PENGANTEN


Assalamu’alaikum wr wb
Kula nuwun,
Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi,
Nyuwun pangapunten dene kula paripaksa anggempil kamardikan panjenengan sadaya, saperlu kula matur ing ngarsanipun Bapak.....................sarimbit.

Nuwun, Bapak ..........................  Kula kadhawuhan dening Bapak ........................sekaliyan

Sepisan : ngaturaken salamtaklimipun, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak ................... sakulawarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu wilujeng ing panjenengan lumeber ing sadayanipun.

Kaping Kalih : Kula kinanthen rowang sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, nama pun Bagus ................................, ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan rara ..........................................., putri panjenengan.

Ingkang punika mugi kepareng nampi. Dene wonten kekiranganipun, Bapak .......... nyuwun agenging pangapunten.

Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakulawarga.

Minangka panutuping atur, mbok manawi wonten atur kula saklimah, lampah kula sarowang satindak, ingkang kirang trapsila satemah mboten adamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kula nyuwun lumunturing pangaksami.

Cekap semanten, Wassalamu ‘alaikum wr.wb

Minggu, 11 April 2010

WATAK BEBUDENE SATRIYA


1.Ora golek seneng, nanging bisoa gawe seneng.
2.Ora golek marem, nanging bisoa gawe marem
3.Ora seneng pamer, nanging lakune tapa mendhem
4.Ora golek jeneng, nanging bisoa njunjung asmaning liyan.

Sesanggeman tumrap para pangarsaning praja/pemimpin


PANCA LAKSITA TAMA

1.MEMAYU HAYUNING BAWANA
Werdine : Tansah marsudi mbangun pribadine dhewe.

2.MEMAYU HAYUNING SASAMA
Werdine : Kudu bisa gawe tentreming para kawulane.

3.DADOS JURU LADOSING BEBRAYAN INGKANG SAE
Werdine : Punapa ingkang dados keperluanipun para kawulanipun, kedah dipun
penggalihaken ingkang saestu.

4.SADAYA KEPUTUSANIPUN TANSAH ADAMEL SENENGING TIYANG SANES, ADIL, HAMBEG PARAMARTA.

5.SADAYA TUMINDAKIPUN LINANDHESAN TRESNA WELAS ASIH DHUMATENG SINTENA KEMAWON.

G E G U R I T A N


JAMAN EDAN
Hamenangi jaman edan, ewuh haya ing pambudi,
Jantraning jagad wus pinasthi,
Ubenging Cakra manggilingan.
Garising lelakon bakal tumiba.
Sapa lena bakal binanda.
Sapa lali bakal keli.
Jagad isine mung hangkara.
Kang hingoyak mung hanumpuk bandha.
Datan eling Purwa-Madya-Wasana.
Kabeh padha ngaku bener, sejatine keblinger.
Wong jujur kojur, wong lugu kepalu.
Wong ngaku alim, nanging pulasan.
Jagad anyar bakal ginelar,
Tekane jaman kasucian.
Tekane pengadilan Gusti.
Mula, prayoga den eling lawan waspada
Sabar narima, welas asih mring sapadha-padha.